TEMBANG
Tembang yaiku lagu jawa tradisional kang awujud reriptan mawa paugeran kang pamacane nganggo dilagokake.
Tembang jawa kagolongake dadi:
Tembang gedhe (kakawin utawa syair jawa kuna)
tembang tembang tengahan (balabak, wirangrong, lsp)
tembang macapat (tembang sinom, pucung durma, lsp)
tembang cilik (tembang dolanan, tembang kreasi baru/campursari, lsp)
Fungsine tembang:
- Kanggo aluse budi (prilaku becik)
- Minagka panglipur awake dhewe utawa wong liya sing krungu
- Piranti kanggo panggula wenthah (pendidikan)
TEMBANG DOLANAN
Tembang dolanan yaiku tembang-tembang jawa kang lumrahe ditembangake sinambi dolanan.Ø Tembang dolanan lumrahe cakepane digawe nganggo basa kang gampang dimangerteni, larase sigrak lan nyenengake, lan kang wigati salaras karo pamikire bocah cilik.
Tuladhane: cublak-cublak suweng, jamura, gundhul-gundhul pacul, lsp.Kidang Talun
6 і 5 2 2 0 6 6 і 5 2 2 0 6
Ki dang ta lun ma ngan ka cang ta lun mil
6 і 5 6 6 і 5 6 і 5 2 5 3 2 1
Ke the mil mil ke the mil si ki dang ma ngan lem ba yung