Minggu, 21 Oktober 2012

PROSA


                                         
  1. Pembagian prosa
Crita gancaran utawa prosa iku wacana utawa reriptan kang bebas, ora kaiket ing tatanan kaya kang ana ing tembang. Yen tembang kaiket ing  tatanan kayata guru lagu, guru wilangan, guru gatra. Carane medharake uga luwih bebas tinimbang kang awujud puisi, amarga ing reriptan gancaran carane nyritakake kaya dene yen crita biasa ngana kae. Mung wae gandheng reriptan gancaran iki awujud tulisan mesthi wae kudu netepi pathokan-pathokan tata tulis, upamane bab ejaan, tandha wacan lan liya-liyane.
            Dideleng saka jamane, gancaran iku bisa kaperang dadi rong golongan, yaiku:
a.       Gancaran klasik utawa prosa klasik
Sing kalebu prosa klasik, yaiku golongane dongeng. Dongeng iku yen dideleng saka isine ana patang werna, yaiku:
1)      Legendha
Yaiku dongeng sing isine nyritakake bab kedadeyane sawijining panggonan, tuladhane:
- Dumadine Banyuwangi
- Dumadine Rawa Pening
2)      Mite utawa mitos
Yaiku dongeng bab lelembut, para dewa lan sabangsane.
Tuladhane:
- Nyi Rara Kidul
- Blorong
- Dhanyang Lolope
3)      Sage
Yaiku dongeng sing ana unsur kepahlawan utawa wira carita. Dongeng jinis ngene iki biasane digandhengake karo crita sejarah.
Tuladhane:
- Ranggalawe
- Minakjingga (Tumrape wong Banyuwangi)
- Damar Wulan
4)      Fabel
Yaiku dongeng sing paragane kewan-kewan. Fabel beda karo crita bab kewan. Kedadean ing fabel satemene kedadean sing dialami dening manungsa, mung wae paraga utawa tokoh-tokoh ing dongeng mau njupuk kewan dudu manungsa. Dadi ing fabel iki kewan-kewan padha bisa caturan utawa omong-omongan kaya dene manungsa.
Tuladha :
- Kancil nyolong timun
- Kancil Karo baya

 b. Gancaran modern utawa prosa Modern, bisa kaperang dadi:
1)      Roman
Mligi ing kasusastran Jawa ana ing ngarani istilah Roman iki nganggo istilah Banjaran. Biasane arupa buku isine nyritakake lelakone sawijining paraga wiwit cilik nganti tumekane diwasa bisa uga nganti sapatine.
Tuladhane :
- Banjaran Bima anggitane Wisnu Sri Widodo
- Banjaran Karna anggitane Wisnu Sri Widodo

2)      Novel
Biasane arupa buku, nyritakake sawijining paraga kanthi pepak. Kedadean sing dicritakakake luwih saka kedaean siji.
Tuladhane:
- Ngulandara anggitane Margana Djaja Atmaja
- Serat Riyanto anggitane R. B. Sulardi
- Sumpahmu Sumpahku anggita  Nanik P. M

3)      Cerita Cekak
Arupa crita saklepasan, paragatamane biasane amung siji kanthi dibantu siji, loro (ora akeh) paraga tambahan. Paling-paling antarane 4 – 10 kaca.
Tuladhane :
Surat Undangan anggitane Sumono Sandy Asmoro
              Watu anggitane Krisna Miharja
                         
  1. Unsur intrinsik prosa
Wacana prosa utama wacana gancaran (klasik lan modern) kabentuk dening rong unsur yaiku unsur intrinsik lan ektrinsik.
Kang diarani unsur intrinsik yaiku unsur-unsur kang ana ing sajroning wacana, kang kalebu unsur intrinsik antarane: paraga lan perwatakan, latar, tema, amanat, lsp. Dene kang diarani unsur ektrinsik yaiku unsur ing sajabaning wacan kang melu ndhukung anane wacan, tuladhane unsur sosial, ekonomi, sosial budhaya, politik, agama lsp.

1.      Tema
Tema yaiku gagasan baku kang mujudake perangan inti ing sawijining crita. Tema mau kabangun dening gagasan-gagasan baku ing saben pada utawa paragraf. Dene gagasan baku ing sawijining paragraf iku bisa manggon ing wiwitan, tengah apadene pungkasaning paragraf. Umume gagasan baku mapan ing wiwitane paragraf.
2.      Latar
Latar yaiku unsur ing sawijining crita kang nuduhake panggonan, lan kapan kedadean-kedadean ing sajroning crita.

3.      Paraga lan Perwatakan
Paraga yaiku tokoh ing sawijining crita.
Perwatakan yaiku watake paraga ing sajrone crita. Ing kene ana paraga utama, paraga tambahan lan paraga bayangan. Paraga utama iku paraga kang terus ana ing saben kedadean kang gegayutan karo temane crita. Paraga tambahan yaiku paraga pelengkap ing sajrone crita, dene paraga bayangan yaiku paraga sing anane mung dicritakake dening paraga liya.
4.      Amanat
               Amanat yaiku pesen sing pengin disampekne pengarang kanggo sing maca liwat crita kang digawe.

MATERI WAYANG


 MATERI WAYANG

1.       Jenis-jenis wayang
1.      Wayang wong
Yaiku, wayang kang paragane wong, dene critane padha karo wayang purwa.
2.      Wayang beber
Yaiku, wayang ditontonake kanthi migunakake mori sing digambari banjur dibeber, yen wis rampung banjur digulung maneh. Wayang iki nyritakake lelakone Jaka Kembang Kuning  karo Dewi Sekartaji
3.      Wayang klithik utawa wayang krucil
Wayang iki dianggo ing kraton nyritakake lelakone Sri Gatayu tekan Panji Kudalaleyan
4.      Wayang wasana
Wayang sing digawe saka kayu gepeng. Wayang iki nyritakake lakon Damarwulan lan Minak Jingga.
5.      Wayang madya
Wayang sing njupuk lelakone Parikesit tan turunane kajupuk saka crita babad Tanah Jawa.
6.      Wayang gedhog
Wayang sing digawe saka kayu nyritakake lelaone Panji Asmarabangun karo garwane Dewi Sekartaji utawa Candrakirana
7.      Wayang golek utawa Thengul
Wayang kang wujude golekan. Nyritakake lakon Amir Hambyah lan Umarmaya, babone njupuk saka layang Menak
8.      Wayang sadat
Yaiku wayang kang nyritakake lakon agama Islam
9.      Wayang suluh
Wayang anggitane Jawatan Penerangan RI, kanggo menehi sesuluh (penerangan) marang rakyat
10.  Wayang potehi
Yaiku wayang kang nyritakake lelakon Cina

Pralambang ing Pagelaran Wayang

Ubarampe kang digunakake ing pagelaran wayang nduweni perlambang dhewe-dhewe. Dene perlambang mau, yaiku:
-       Wayang                 mralambangake           manungsa
-       Kelir                      mralambangake           langit
-       Debog                    mralambangake           bumi
-       Blencong               mralambangake           srengenge, bulan, lintang
-       Gamelan                mralambangake           kebutuhane manungsa (sandhang, pangan,    
                                                                 papan)
-       Kothak                  mralambangake           sangkan paran
-       Gunungan              mralambangake           urip
-       Cempala                mralambangake           jantung
-       Kepyak                  mralambangake           lakuning getih

Senin, 10 September 2012

geguritan


GEGURITAN
Geguritan ing kasusastraan Jawa kaperang dadi 2, yaiku:
1.       Geguritan gagrag lawas (puisi lama)
Yaiku geguritan kang isine kaiket ing paugeran-paugeran awujud guru gatra, guru lagu lan guru wilangan.
Tuladhane: tembang  lan parikan
Parikan : wajik klitik, gula jawa
                                        Luwih becik, sing prasaja
2.       Geguritan gagrag anyar (puisi modern)
Yaiku geguritan kang isine ora kaiket paugeran-paugeran tertamtu, nanging isih nengenake basa-basa kang endah.
Geguritan gagrag anyar uga diarani puisi bebas.


Bab-bab kang kudu digatekake kanggo maca gegeuritan kang becik:
a.       Wirama (intonasi) yaiku banter alone lan munggah mudhune swara
b.      Wirasa (penjiwaan) yaiku  bisa  ngrasakake susah, senenge, nesu, lsp saka isine geguritan
c.       Wiraga (ekspresi/ gerak) yaiku obahe awak kanggo nyengkuyung kahanan kang diwaca

Jumat, 03 Februari 2012

Karangan Murid 7A MTs. Al-Muslimun


OH GURUKU
Anggitane Ahmad Zaky F  (VII A)

Perih lan pedese driji
Ambegan sing sesek amarga awu kapur
Mboten nterahna niat sing luhur
Mboten ngelunturna niat sing luhur
Maju lan akehe ilmu kaweruh
Kabehe narikna hasrat mendidik
          Oh, guruku
          Sampeyan laksana pelita ing jero gulita
          Jasa sampeyan mboten bisa ditumbas
Embuh tembung apa sing pantes kaucap
Dados tanda matur nuwun