- Pembagian prosa
Crita gancaran utawa prosa
iku wacana utawa reriptan kang bebas, ora kaiket ing tatanan kaya kang ana ing
tembang. Yen tembang kaiket ing tatanan
kayata guru lagu, guru wilangan, guru gatra. Carane medharake uga luwih bebas
tinimbang kang awujud puisi, amarga ing reriptan gancaran carane nyritakake
kaya dene yen crita biasa ngana kae. Mung wae gandheng reriptan gancaran iki
awujud tulisan mesthi wae kudu netepi pathokan-pathokan tata tulis, upamane bab
ejaan, tandha wacan lan liya-liyane.
Dideleng saka jamane, gancaran iku bisa kaperang dadi
rong golongan, yaiku:
a. Gancaran klasik utawa prosa
klasik
Sing kalebu prosa klasik,
yaiku golongane dongeng. Dongeng iku yen dideleng saka isine ana patang werna,
yaiku:
1) Legendha
Yaiku dongeng sing isine
nyritakake bab kedadeyane sawijining panggonan, tuladhane:
- Dumadine Banyuwangi
- Dumadine Rawa Pening
2) Mite utawa mitos
Yaiku dongeng bab lelembut,
para dewa lan sabangsane.
Tuladhane:
- Nyi Rara Kidul
- Blorong
- Dhanyang Lolope
3) Sage
Yaiku dongeng sing ana unsur
kepahlawan utawa wira carita. Dongeng jinis ngene iki biasane digandhengake
karo crita sejarah.
Tuladhane:
- Ranggalawe
- Minakjingga (Tumrape wong
Banyuwangi)
- Damar Wulan
4) Fabel
Yaiku dongeng sing paragane
kewan-kewan. Fabel beda karo crita bab kewan. Kedadean ing fabel satemene
kedadean sing dialami dening manungsa, mung wae paraga utawa tokoh-tokoh ing
dongeng mau njupuk kewan dudu manungsa. Dadi ing fabel iki kewan-kewan padha
bisa caturan utawa omong-omongan kaya dene manungsa.
Tuladha :
- Kancil nyolong timun
- Kancil Karo baya
b. Gancaran modern utawa prosa Modern, bisa
kaperang dadi:
1) Roman
Mligi ing kasusastran Jawa
ana ing ngarani istilah Roman iki nganggo istilah Banjaran. Biasane arupa buku
isine nyritakake lelakone sawijining paraga wiwit cilik nganti tumekane diwasa
bisa uga nganti sapatine.
Tuladhane :
- Banjaran Bima anggitane
Wisnu Sri Widodo
- Banjaran Karna anggitane
Wisnu Sri Widodo
2) Novel
Biasane arupa buku,
nyritakake sawijining paraga kanthi pepak. Kedadean sing dicritakakake luwih
saka kedaean siji.
Tuladhane:
- Ngulandara anggitane
Margana Djaja Atmaja
- Serat Riyanto anggitane R.
B. Sulardi
- Sumpahmu Sumpahku
anggita Nanik P. M
3) Cerita Cekak
Arupa crita saklepasan,
paragatamane biasane amung siji kanthi dibantu siji, loro (ora akeh) paraga
tambahan. Paling-paling antarane 4 – 10 kaca.
Tuladhane :
Surat Undangan anggitane
Sumono Sandy Asmoro
Watu anggitane Krisna Miharja
- Unsur intrinsik prosa
Wacana prosa
utama wacana gancaran (klasik lan modern) kabentuk dening rong unsur yaiku
unsur intrinsik lan ektrinsik.
Kang diarani
unsur intrinsik yaiku unsur-unsur kang ana ing sajroning wacana, kang kalebu
unsur intrinsik antarane: paraga lan perwatakan, latar, tema, amanat, lsp. Dene
kang diarani unsur ektrinsik yaiku unsur ing sajabaning wacan kang melu
ndhukung anane wacan, tuladhane unsur sosial, ekonomi, sosial budhaya, politik,
agama lsp.
1. Tema
Tema yaiku gagasan baku kang
mujudake perangan inti ing sawijining crita. Tema mau kabangun dening gagasan-gagasan
baku ing saben pada utawa paragraf. Dene gagasan baku ing sawijining paragraf
iku bisa manggon ing wiwitan, tengah apadene pungkasaning paragraf. Umume
gagasan baku mapan ing wiwitane paragraf.
2. Latar
Latar yaiku unsur ing
sawijining crita kang nuduhake panggonan, lan kapan kedadean-kedadean ing
sajroning crita.
3. Paraga lan Perwatakan
Paraga yaiku tokoh ing
sawijining crita.
Perwatakan yaiku watake
paraga ing sajrone crita. Ing kene ana paraga utama, paraga tambahan lan paraga
bayangan. Paraga utama iku paraga kang terus ana ing saben kedadean kang
gegayutan karo temane crita. Paraga tambahan yaiku paraga pelengkap ing sajrone
crita, dene paraga bayangan yaiku paraga sing anane mung dicritakake dening
paraga liya.
4. Amanat
Amanat yaiku pesen sing pengin disampekne
pengarang kanggo sing maca liwat crita kang digawe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar