MATERI WAYANG
1.
Jenis-jenis wayang
1.
Wayang wong
Yaiku, wayang
kang paragane wong, dene critane padha karo wayang purwa.
2.
Wayang beber
Yaiku, wayang
ditontonake kanthi migunakake mori sing digambari banjur dibeber, yen wis
rampung banjur digulung maneh. Wayang iki nyritakake lelakone Jaka Kembang
Kuning karo Dewi Sekartaji
3.
Wayang klithik utawa wayang krucil
Wayang iki
dianggo ing kraton nyritakake lelakone Sri Gatayu tekan Panji Kudalaleyan
4.
Wayang wasana
Wayang sing
digawe saka kayu gepeng. Wayang iki nyritakake lakon Damarwulan lan Minak
Jingga.
5.
Wayang madya
Wayang sing
njupuk lelakone Parikesit tan turunane kajupuk saka crita babad Tanah Jawa.
6.
Wayang gedhog
Wayang sing
digawe saka kayu nyritakake lelaone Panji Asmarabangun karo garwane Dewi
Sekartaji utawa Candrakirana
7.
Wayang golek utawa Thengul
Wayang kang
wujude golekan. Nyritakake lakon Amir Hambyah lan Umarmaya, babone njupuk saka
layang Menak
8.
Wayang sadat
Yaiku wayang
kang nyritakake lakon agama Islam
9.
Wayang suluh
Wayang
anggitane Jawatan Penerangan RI, kanggo menehi sesuluh (penerangan) marang
rakyat
10. Wayang
potehi
Yaiku wayang
kang nyritakake lelakon Cina
Pralambang ing Pagelaran Wayang
Ubarampe kang
digunakake ing pagelaran wayang nduweni perlambang dhewe-dhewe. Dene perlambang
mau, yaiku:
- Wayang
mralambangake
manungsa
- Kelir
mralambangake langit
- Debog mralambangake bumi
- Blencong mralambangake srengenge, bulan, lintang
- Gamelan mralambangake kebutuhane manungsa (sandhang,
pangan,
papan)
- Kothak mralambangake sangkan paran
- Gunungan mralambangake urip
- Cempala mralambangake jantung
- Kepyak mralambangake lakuning getih
Tidak ada komentar:
Posting Komentar